Langsung ke konten utama

Serat Wedhatama Pupuh Pangkur

 PUPUH PANGKUR Beserta Artinya » Synaoo.com

Serat Wedhatama

Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan kanjeng gusti pangeran adipati Arya sri mangkunegara IV, Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti.Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni.

Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamus kawi-indonesia karangan  L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.

Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat yaiku pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe ana limang pupuh. Ing ngisor iki limang pupuh  ing serat wedhatama yaiku :

1. Pangkur (14 pada)

Ana ing serat wedhatama pupuh pangkur duweni piwulang ngelmu kang sempurna, kang dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku babagan sopan santun.  Syarat utama kanggo duweni yaiku ati-ati utawa mawas diri. Manungso kang kasil mawas diri utawa ati-ati anggone nglakoni urip ana ing alam ndonya bakal tentrem ana ing donya.

2.  Sinom (18 Pada)

Pupuh sinom ana ing serat wedhatama yaiku isine babagan pikolehe saka tumindak ngati-ati. Tuladhane yaiku Nata mataram Senopati kang duweni gelar wong agung ing ngeksigondo, tegese salah sawijineng pemimpin teladan , sumeh lan tresna marang kawulanelan asring nglakoni pasa, Ananging ora nadohi marang kawulane.

3.  Pocung (15 Pada)

Isine pupuh pocung ana ing serat wedhatama yaiku kawicaksanaan sejati. Kawicaksanaan sejati ora ketara ana sawijining papan panggonan. kawicaksanaan kasebut kudu kelakon. Piwulang Panembahan mangkunegara IV yaiku lila lan narima ,legawa utawa lila atine lan pasrah, sabar tulus ikhlas lan sumarah marang gusti ingkang Maha Agung.

4.  Gambuh (35 Pada)

Piwulang kang ana ing pupuh gambuh yaiku rasa sukur marah gusti Allah kang Maha Agung kanthi suci ing batin, ngadohi watak angkara murkalan sifat ngendel ngendelake, serta tekun nglaakoni sembayang.

5. Kinanthi (18 Pada)

Piwulang kang ana sajrone pupuh kinanthi yaiku supaya ora sangsara uripe manungsa kudu tansah eling lan waspada. Eling marang lukitaning alam, tandha tandha kang ana sajroning alam. Lan waspada marang warananing urip lan marang anane Gusti kang Maha Agung

 

Ing ngisor iki piwulang ana ing serat wedhatama di ringkes dadi 2 kelompok yaiku :

a. Piwulang kanggo kanoman

·            Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, Serta mangerteni sumber ngelmu kang bener.

·            Supaya ora nduweni sifat angkuh amarga duweni panguwasa

·            Di suwun supaya bisa milah-milah ake kanthi cermat kabeh piwulang supaya bisa nggunakake ngelmu kasebut kanthi nyocoke papan lan ketrampilan kang di duweni.

·            Para muda taruna kasuwun purun budidaya kanggo trisarana urip yaiku wirya, arta, warsis.

b. Piwulang kanggo wong tuwa

·            Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepiye carane milah-milah babakan ngelmu kang bener. Kepiye carane nglakoni eling marang Gusti Kang Maha Agung. Uwong kang dianggep tua yaiku uwong kang duweni ngelmu lan paham babagan lelakoning urip. Dudu wong kang sing luwih tuwa umure.

Dadi serat wedhatama yaiku ngelmu babagan kebecikan. Ananging ora mung piwulang kebecikan kang lahire wae uga becik ing lair utawa batin.

D.      Tembang Macapat

 

Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang nduweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe ana telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Miturut Padmosoekotjo (1953:13) guru yaiku uger-uger, wewaton, paugeran, pathokan.

Tembang macapat iki ana kang ngarani yen macane papat-papat, kang dimaksud yaiku macane saben patang wanda (suku kata). Miturut Widada, dkk (2011:449) macapat tegese tembang sing kalumrah ing layang-layang anyar. Tembang macapat minangka asil saka kasusastran periodhe sastra Jawa gagrag anyar.

Macapat cacahe ana 11 metrum, yaiku Mijil, Maskumambang, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pucung. Saben metrum macapat kasebut nduweni paugeran panulisan lan cara nembangake kang seje. Ing saben metrum iku nduweni cengkok sing akeh. Maneka warnane cengkok kasebut dumadi awit kreativitase masyarakat Jawa minangka kang nduweni tembang macapat kasebut (Sugito HS, 2010:6).

Tembang macapat kang cacahe 11 kasebut, siji lan sijine nduweni paugeran lan watak dhewe-dhewe, yaiku :

No

Jinise Tembang

Paugeran

Watak

1.

Pucung

12u, 6a, 8i, 12a

Kendho tanpa greget saut kanggo ing carita kang sajak mung sakepenake, tanpa kamempengan.

2.

Maskumambang

12i, 6a, 8i, 8a

Nelangsa, kanggo medharake rasa pangrasa kang ngeres, nggreges, nalangsa karanta-ranta

3.

Gambuh

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

Rumaket, kulina, kanggo medharake pitutur kang rada sereng merga wis keduga, lumrahe nganggo basa ngoko, basane wong kang wis kulina raket sesrawungane.

4.

Megatruh

12u, 8i, 8u, 8i, 8o

Sedhih kingkin kaworan nglokro, kanggo medharake rasa gegetun pungun-pungun, nelangsa karanta-ranta.

5.

Kinanthi

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

Seneng, tresna, lan asih, kanggo medharake piwulang carita kang ngemu rasa asmara, gandrung-gandrung.

6.

Asmaradana

8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

Sedhih, sengsem, prihatin marga ketaman ing rasa asmara, kanggo ing carita kang medharake asmara.

7.

Mijil

10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

Wetuning rasa, kanggo medharake pitutur, uga kena kanggo carita gandrungan.

8.

Pangkur

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

Sereng, kanggo ing carita kang ngemu surasa sereng.

9.

Durma

12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a

Galak, muntab, kanggo medharake rasaning ati kang nepsu utawa kanggo ing carita perang.

10.

Sinom

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

Grapyak, renyah, kanggo sesorah, mituturi.

11.

Dhandanggula

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

Luwes, resep, lumrahe kanggo bebuka, medharake piwulang, gandrungan, lan kanggo panutuping karangan kang sinawung ing tembang.

            (Padmosoekotjo, 1953:12)

           Tembang macapat kasebut bisa digunakake minangka wakil saka rasa pangrasane pawongan. Kabeh tembang nduweni paugeran dhewe-dhewe kang digunakake kanggo ngandharake ancase dhewe-dhewe. Paugeran-paugeran lan watek kang ana ing dhuwur, bisa dideleng kanthi cetha tujuane dhewe-dhewe saka tembang-tembang kasebut.

1)        Guru Lagu

Guru lagu minangka salah sawijining paugeran saka tembang macapat. Tembang macapat kang cacahe ana 11 tembang, kabehe nduweni paugeran kang beda-beda. Salah sijine yaiku paugeran kang awujud guru lagu.

Miturut Padmosoekotjo (1953:13), guru lagu iku paugeran dhong-dhingiing swara ing wekasaning gatra-gatrane tembang. Andharan kasebut dening dening Saputra (2001:57) yen guru lagu utawa dhong-dhing gumantung marang kalungguhane larik sajrone pada sawijining pola sajak. Susantina (2010:3) nyengkuyung kaloro andharan kasebut lan ngandharake yen guru lagu yaiku dhong-dhinge swara ing wekasane gatrane tembang.

Sakehing panemu ngenani guru lagu kasebut kabehe nduweni teges kang padha. Guru lagu yaiku salah sawijining paugeran tembang macapat minangka dhong-dhinging swara ing pungkasane gatrane tembang. 

2)        Guru Gatra

Paugeran sajrone tembang macapat sawise guru lagu yaiku guru gatra. Guru gatra yaiku cacahe gatra tembang (Susantina, 2010:3). Miturut Saputra (2001:57) yen guru gatra iku gumantung marang jinise pola sajak utawa metrum. Saben-saben tembang macapat nduweni paugeran-paugeran kang beda salah sijine yaiku guru gatra. Tuladha :

3)        Guru Wilangan

Tembang macapat nduweni telung paugeran. Paugeran kasebut yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Guru lagu lan guru gatra wis diandharake ing dhuwur, banjur kang pungkasan yaiku guru wilangan.

Tembung wilangan ana gegayutane karo angka. Miturut tegese, wilangan nduweni teges etungan utawa cacah (Widada,dkk, 2011:782). Tembung guru tegese paugeran, wewaton, utawa pathokan (Padmosoekotjo, 1953:13). Yen kaloro tembung kasebut digathukake, bisa ditegesi pathokan utawa paugeran kang awujud cacah utawa etungan. Miturut Susantina (2010:3) guru wilangan yaiku cacahe wanda ing gatra-gatrane tembang. Guru wilangan gumantung saka kalungguhan utawa panggonane larik sajrone pada ing sawijining pola sajak. 

E.       Pangertene tembang Pangkur

 Miturut maknane, tembang Pangkur iku nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang wus ngungkurake babagan kadonyan. Watake semangat, perwira: tegese kanthi temen anggone ngedohi hawa nepsu ing kadonyan, supaya ora ngganggu anggone urip. Atine wis menep, resik, ora grusa-grusu, lan tansah nengenake ngibadah nyedhakake mring Gusti Kang Maha Kawasa.

Pathokane tembang pankur yaiku :

PANGKUR

Guru wilangan

Guru lagu

Guru gatra

8

A

7

11

I

8

U

7

A

12

U

8

A

8

I

 

F.       Watak tembang Pangkur

Watake tembang Pangkur iku madhep manteb, banter, nesu. Cocok kanggo ngandharake pitutur, katresnan, crita kang nyata, lan sapiturute.

 

G.      Makna tembang Pangkur

Pangkur iku maksude buntut. Karangane Kanjeng Sunan Muryapada. Duwe makna nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang ngungkurake kadonyan, isa ngendhaleni tumindak lan nepsu-nepsu kang ala. Kang dipikir among tembe mburine nalika sowan ing ngarsa Gusti, lan golek memanising pati.

 

P U P U H  P A N G K U R

01

Mingkar-mingkuring ukara,

akarana karenan mardi siwi,

sinawung resmining kidung,

sinuba sinukarta,

mrih kretarta pakartining ilmu luhung,

kang tumrap ing tanah Jawa,

agama ageming aji.

Meredam nafsu angkara dalam diri,

Hendak berkenan mendidik putra-putri. Tersirat dalam indahnya tembang,

dihias penuh variasi,

agar menjiwai hakekat  ilmu luhur,

yang berlangsung di tanah Jawa (nusantara) agama sebagai “pakaian” kehidupan.

02

Jinejer ing Wedhatama,

mrih tan kemba kembenganing pambudi,

mangka nadyan tuwa pikun,

yen tan mikani rasa,

yekti sepi sepa lir sepah asamun,

samasane pakumpulan,

gonyak-ganyuk nglelingsemi.

Disajikan dalam serat Wedhatama,

agar jangan miskin pengetahuan,

walaupun sudah tua pikun,

jika tidak memahami rasa sejati (batin), niscaya kosong tiada berguna bagai ampas, percuma sia-sia,

di dalam setiap pertemuan,

sering bertindak ceroboh memalukan.

03

Nggugu karsane priyangga,

nora nganggo peparah lamun angling,

lumuh ingaran balilu,

uger guru aleman,

nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun samudana,

sesadoning adu manis .

Mengikuti kemauan sendiri,

Bila berkata tanpa dipertimbangkan  (asal bunyi),

Namun tak mau dianggap bodoh,

Selalu berharap  dipuji-puji.

(sebaliknya) Ciri orang yang sudah memahami  (ilmu sejati)

tak bisa ditebak

berwatak rendah hati, selalu berprasangka baik.

04

Si pengung nora nglegewa,

sangsayarda denira cacariwis,

ngandhar-andhar angendukur,

kandhane nora kaprah,

saya elok alangka longkangipun,

si wasis waskitha ngalah,

ngalingi marang sipingging.

(sementara) Si dungu tidak menyadari, Bualannya semakin menjadi jadi,

ngelantur bicara yang tidak-tidak,

Bicaranya tidak masuk akal,

makin aneh tak ada jedanya.

Lain halnya, Si Pandai cermat dan mengalah, Menutupi aib si bodoh.


 
05

Mangkono ilmu kang nyata,

sanyatane mung we reseping ati,

bungah ingaran cubluk,

sukeng tyas yen den ina,

nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan sadina dina,

aja mangkono wong urip.

Demikianlah ilmu yang nyata,

Senyatanya memberikan ketentraman hati, Tidak merana dibilang bodoh,

Tetap gembira jika dihina

Tidak seperti si dungu yang selalu sombong, Ingin dipuji setiap hari.

Janganlah begitu caranya orang hidup.

06

Uripa sapisan rusak,

nora mulur nalare ting saluwir,

kadi ta guwa kang sirung, 

sinerang ing maruta,

gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung,

pindha padhane si mudha,

prandene paksa kumaki.

Hidup sekali saja berantakan,

Tidak berkembang, pola pikirnya carut marut. Umpama goa gelap menyeramkan,

Dihembus angin,

Suaranya gemuruh menggeram, berdengung Seperti halnya watak anak muda

masih pula berlagak congkak

07

Kikisane mung sapala,

palayune ngendelken yayah wibi,

bangkit tur bangsaning luhur,

lah iya ingkang rama,

balik sira sarawungan bae  ersua,

mring atining tata krama,

nggon-anggon agama suci.

Tujuan hidupnya begitu rendah,

Maunya mengandalkan orang tuanya,

Yang terpandang serta bangsawan

Itu kan ayahmu !

Sedangkan kamu kenal saja belum,

akan hakikatnya tata krama

dalam ajaran yang suci

08

Socaning jiwangganira,

jer katara lamun pocapan pasthi,

lumuh asor kudu unggul,

sumengah sesongaran,

yen mangkono kena ingaran katungkul,

karem ing reh kaprawiran,

nora enak iku kaki.

Cerminan dari dalam jiwa raga mu,

Nampak jelas walau tutur kata halus,

Sifat pantang kalah maunya  menang sendiri Sombong besar mulut,

Bila demikian itu, disebut orang yang terlena, Puas diri berlagak tinggi

Tidak baik itu nak

09

Kekerane ngelmu karang,

kakarangan saking bangsaning gaib,

iku boreh paminipun,

tan rumasuk ing jasad,

amung aneng sajabaning daging kulup, Yen kapengkok pancabaya,
ubayane mbalenjani.

Di dalam ilmu yang dikarang-karang (sihir/rekayasa),

Rekayasa dari hal-hal gaib,

Itu umpama bedak.

Tidak meresap ke dalam jasad,

Hanya ada di kulitnya saja nak,

Bila terbentur marabahaya,

bisanya menghindari.

10

Marma ing sabisa-bisa,

babasane muriha tyas basuki,

puruitaa kang patut,

lan traping angganira,

Ana uga angger ugering kaprabun,

abon aboning panembah,

kang kambah ing siang ratri.

Karena itu sebisa-bisanya,

Upayakan selalu berhati baik,

Bergurulah secara tepat,

Yang sesuai dengan dirimu,

Ada juga peraturan dan pedoman bernegara, Menjadi syarat bagi yang berbakti,

yang berlaku siang malam.

11

Iku kaki takokena,

marang para sarjana kang martapi,

mring tapaking tepa tulus,

kawawa nahen hawa,

Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu,

tan mesthi neng janma wreda,

tuwin muda sudra kaki.

Itulah nak,

tanyakan Kepada para sarjana yang menimba ilmu,

Kepada jejak hidup para suri tauladan yang benar,

dapat menahan hawa nafsu,

Pengetahuanmu adalah senyatanya ilmu,

Yang tidak harus dikuasai orang tua,

Bisa juga bagi yang muda atau miskin, nak !

12

Sapantuk wahyuning Allah,

gyah dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh mangukut,

kukutaning Jiwangga,

Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh sepi hawa,

awas roroning ngatunggil

Siapapun yang menerima wahyu Tuhan, Dengan cermat mencerna ilmu tinggi,

Mampu menguasai ilmu kasampurnan, Kesempurnaan jiwa raga,

Bila demikian pantas disebut “orang tua”.

Arti “orang tua” adalah tidak dikuasai hawa nafsu,

Paham akan dwi tunggal (menyatunya sukma dengan Tuhan)

 

 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sejarah Dan Teknik dalam Lempar Cakram

Sejarah,Peraturan dan Teknik Lempar Cakram lengkap Terbaru A.    Sejarah Lempar Cakram  Lempar Cakram Adalah salah satu nomor  Atletik  yang sudah dikenal sejak zaman prasejarah atau pada zaman Yunani Kuno.Manusia telah menyadari perlunya ketahanan berjalan jauh, kecepatan lari, ketangkasan melompat dan melempar. Sehingga ada sementara orang yang menganggap atletik adalah cabang olahraga yang tertua.Hal ini dapat kita ketahui dari buku karangan Homerus yang berjudul “Odyssy” pada zaman purba. Dalam buku Odyssy tersebut menceritakan bahwa gerak gerakan dasar dari atletik adalah jalan, lari, lompat dan lempar yang telah dikenal oleh bangsa primitif pada zaman prasejarah. Bahkan dapat dikatakan sejak adanya manusia, gerak-gerakan itu dikenal karena gerakan pada  Atletik adalah gerak dasar pada manusia. Gerakan jalan, lari, lompat dan lempar semata-mata untuk mempertahankan kelangsungan hidupnya. Didalam usaha ini mereka sangat te...